Cerita Jawa Lucu (wawancara kerja)

Gondes sumpek gara gara.
Wawancara Kerjo jaman saiki tambah
angel:
B : Kowe duwe omah opo ora?
C : dereng.
B : kowe ora iso ketompo nang kene
C : Lho kok ngaten?...
B : Mengko kowe mesti ngajukne utang nang perusahaan.
C : Ah.. mboten kok, Sak janipun tiyang sepuh kulo niku sampun sugih.
B : malah ora ketompo
C : Lho kok ngaten?
B : Mengko kowe kerjo mung nggo hiburan,
nongkrang nongkrong wae chatting terus.
B : Kowe duwe motor opo ora?
C : Mboten.
B : Ora ketompo
C : Lho kok mboten?
B : Mengko kowe mesthi njaluk
bantuan kredit.
C : Sak janipun gadhah, ning tasih teng
kampung, gampil mangke kulo beto mriki.
B : Wah ora ketompo.
C : lho kok ngoten?
B : Tempat parkire wis kebak.
B : Kowé wis lulus sarjana tenan?
C : sampun pak.
B : Ora ketompo, kéné iki golék sing SMA aé, luwih manutan lan mbayaré murah.
C : Sakjanipun kulo tasih badhe skripsi
B : Malah ra ketompo.
C : Lho kados pundi to?
B : Mengko kowé kerjo mung ngetik skripsi, lék wis lulus mesti golék kerjo neng perusahaan liyo.
B : Kowé seneng guyon ora?
C : Mboten pak, kulo serius nék
nyambut gawé.
B: Ra ketompo.
C : welha...kok ngoten?
B : Engko konco2mu lan anak
buahmu podho stress.
C : Sakjané nggih sekedhik2 seneng guyon.
B : Malah ora ketompo.
C : Lho kok?
B : ngko gaweanmu mung ndagel marahi nguyu terus ora podo kerjo.
B : Anakmu akèh opo sithik ?
C : Kathah pak
B : ora ketompo
C : Sebabipun ?
B : Nyambut gawemu ora tenanan mung mikir gawe anak terus
C : Lha wong namung anak adopsi, kok.
B : Tambah ora ketompo
C : Lho?
B : Gawé anak waé aras2en, opo manèh nyambut gawé
B : Kowé iso Internét ?
C : mBoten
B : ora ketompo
C : Sebabipun ?
B : Perusahaan ora nompo Buta Internet
C : sakjanipun nggih saget
B : Tambah ora ketompo
C : lha kok?
B : ngko gaweanmu mung update status sing lucu.
B : Kowe waras?
C: waras to Pak.
B : Ra ketompo.
C : Kenging nopo?
B : mengko kowe ora krasan nang kene.
C : sakniki pun rodo edan
B : ra tak tompo
C : sebab?
B : ngko aku duwe saingan